"SALING BERBAGI DAN MENGASIHI MENCARI RIDHO ILLAHI"

GEGURITAN "Lakonku Dhek biyen"


 YAYASAN BINA INSANI NGAWI
  MEMPERSEMBAHKAN :
Geguritan
Rinepta Dening : Tasman Kuncoro Seto
Sun Nggegurit : " Lakonku Dhek Biyan "
"Kanggo Pangeling-Eling"
Dhek isih cilik biyen
Senenganku ora liya permen
Angon wedhus ora klamben
Nanging isih nganggo kathok kolor
Nyangking arit karo kranjang isi suket
Bali ngandang wis repet-repet
Sadurunge bubuk aku sinau
Karo kanca kancaku
Basuki, Subari, Lasmini lan Sudarmi
Ora lali aku ngibadah ngaji
Kaping lima, saben dinane

Sadurunge budhal sekolah
Ora lali aku ngibadah
Nyuwun pangestu ngupadi ilmu
Kanggo sangu uriping tembe mburi
Iku mono kekadeyan, selawe tahun kepungkur

Saiki aku wis dadi guru
Mulang murid-murid SMP satu
Bocahe bagus-bagus lan ayu-ayu
Beda banget karo jamanku biyen
Bocah saiki padha keren-keren

Bali maneh
Lakonku dhek biyen
Usum layangan aku dadi bocah blayangan
Lali marang pagawean
Nganti aku diomeli lan disrengeni
Dening wong tuaku

Saiki aku dadi sadar
Mungguh jejeging dadi guru mono
Pantese kudu digugu lan ditiru
Ora arep dadi bocah blayangan maneh
Kaya lakonku dhek biyen

Kedunggalar Medio Juni 1995
Pangripta

Tasman Kuncoro

Tidak ada komentar: